Iki lho, Ramalan lintangmu 5-11 juli 2020

Solo, Kabarjoglo – Ramalan lintang Ing ngisor iki mbok menowo iso dadi ancer-ancer awakmu anggone mlangkah ngadepi aboting ngaurip ing alam donya. Pitados nopo mboteng kita wangsulaken panjenengan sedaya para maos.

CAPRICORN (21 Des 19 Jan ):Anggone niba tangi makarya pancen asile durung ketara, Ora perlu cilik atine, aja malah banjur nglokro. Tetep sengkud amrih enggal maujud gegayuhane. letep waspada aja nganti kapusana lamise liyan. Asmara: mesra lan harmonis.

AQUARIUS (20 Jan-18 Feb :Sing mantep, jumangkah maju, sanadyan ing kana kene ana reri-dhu. Kalodhangan iki aja nganti kliwat lan muspra. Endhanana pasulayan, luwih becik ngalah. Asmara: udur karo pasangan. Yen pancen kliru, aja gengsi, aluwung ngakoni. Amrih swasana bali tentrem

PISCES ( 19 Feb-20 Mar ):Akeh pepalang sing kudu diliwati. Ananging aja kuwatir apamanelh nglokro. Kaya dene mlaku munggah, kudu gelem napaki undhag-undhagan. Sing tliti lan samubarange dipetung kanthi permati.Asmara: yen wis nemu rumuse, pancen sarwa nyenengake.

ARIES (21 Mar 20 Apr):Perkara sing wis kepungkur aja nganti dumadi maneh. Gagasan sing durung cetha prayogane ora kesusu diandharake. Aja nglawan arus, ngrumangsani marang gunggunge pawitan lan kabisane.Asmara: aja nganti rasa seneng njalari katutupe pikiran sing logis.

TAURUS (21 Apr-20 Mei ):Kaya rodha mubeng, wayahe arep mudhun. Rekasa lan kuwatir mono lumrah, nangin aja kedawa-dawa. Kudu tetep wening pikire,lan diadhepi kanthi ati sing adhem. Asmara: wayahe introspeksi lan mikir kanthi luwih wicaksana.

GEMINI (21 Mei -20 Juni ):Iki wis wayahe makarya kanthi tumata, diatur wektune lan carane nindakake. Aja nyebal saka rancangan. Olehe nggawe putusan dipikir dhisik kanthi temen, ananging uga aja cilik atine. Asmara:yen nduwe janji ya ditetepi, yen omong kudu padha karo kasunyatane.

CANCER (21 Juni -20 Juli:sepira wae asile, aja tansah dipaido, Prayogane disyukur, lan Danjur ngupaya kanthi tumemen. Eling, urip iku kaya cakra mang-gilingan. Kabeh wis ana jatahe, mung gari kepriye olehe ngupayak-Asmara: swasana nyenengake aja dirusak dening rasa Cuoriya.

LEO (21 Juli -21 Agust):Ddiane pating gronjal lan munggah mudhun. Ora susah digetuniTa IKi jenenge ujian amrih bisa mundhak samubarange. Introspeksi,lan lembah manah, aja nganti nuwuhake perkara lilyane manen ASmara: Swasana nyenengake, pasangan bisa nentremake

VIRGO ( 22 Agust -22 Sept) Masalah bakale jumedhul ing tengahe minggu, Mula kudu luwih Waspada. Aja kuwatir, nanging kudu tansah siyaga. Iki mono dalan Kanggo introspeksi. Aja ganmpang percaya omongane liyan. Asmara: sabar ya, amarga swasanane kurang nyenengake.

LIBRA (23 Sept-23 Okt ):TIba nanggung, mula ya dibacutake wae sing wis dilakoni. Kanthi mangkono bisa nuwuhake bebathen. Aja ngotot golek benere dhewe, tinimbang dadi gela ing pungkasane. Asmara: sing wis kepungkur kareben mungkur, saiki wayahe jumangkah maju

ScORPIO (24 Okt- 22 Nop):Minggu iki ana lintang pitulungan sumunar, njalari swasana sing nyenengake. Aja gela yen asile isih durung gedhe, disyukuri bae.Sing mantep ati lan pikirane, amrih swasana bali maneh kaya sing dikarepake. Asmara: aja nggresula wae, elingana marang katresnane.

SAGITARIUS ( 23 Nop 20 Des):Aja gampang percaya omongane liyan sanadyan katone gebyar gebyar ndemenakake. Jajal ditliti maneh kaya ngapa bukti nyatane.Minggu iki pametu lancar, lan ana rejeki nomplok. Asmara: uwong tresna kudu wani ngalah lan nggatekake kekarepane pasangan.

 

Sumber:ps27

Pos terkait

Tinggalkan Balasan