BRM. Kusumo Putro, S.H, M.H : Manghayubagyo Warsa Enggal 1 Suro

SOLO– BRM. Kusumo Putro, S.H, M.H salah satu tokoh masyarakat dan juga ketua Forum Budaya Mataram dalam rangka peringati 1 Suro menyampaikan pesannya melalui saluran Whatsapp dan inilah isinya . Senin (9/8/21) malam.

Bacaan Lainnya

Tan rinasa warsa lawas meh paripurna. Mung kari sedina macaki dina mungkasi warsa. Ora krasa yuswa mundhak tuwa.

Ananging tuwa kang nugraha, pinaringane Gusti Kang Maha Kuwasa. Anyenyuwun mugi tansah diparingi rahayu, widada nir ing sambikala, ora kurang sawiji apa.

Rasa pangrasa di pantha pantha, endi sing becik lan endi sing ala. Amrih bisa dadi panimbangane rasa. Sing becik di upakara, sing ala disingkirake amrih aja dadi memala.

Panyuwunku dadiya tuwa urip kang piguna marang sapadha padha. Tansah pinaringan ayem tentrem karta raharjo.

Raganira bagas waras, rasanira bagya mulya. Monggo kita sedaya dedonga marang Gusti Kang Maha Kuwasa mugi mugi covid enggal lunga saka Indonesia… amin.
Sluman, slumun, slamet
sagotrah Nuswantara

Malam 1 Sura 1955 thn Alip Windu Sancaya : Sarawungan, Watek’ipun kathah tiyang sae kapraya dados pawong mitra sae.

(BRM. Kusuma Putra, SH, MH)

Pos terkait

Tinggalkan Balasan